Daftar Blog Saya

Senin, 23 Januari 2012


Assalamu’alaikum wr.wb
Bismillahirrohmannirrohim
Alhamdulillahi robbil’alamin wabihi nasta’inu ala umuriddunya waddin washollatu wassalamu ‘ala asrofil amdiyai wal mursalin sayyidina wamaulana Muhammaddin wa ala alihi washobihi aj main ama ba’du
v  Dumateng Bpk…. Sekeluargi ingkang kawula mulyaken
v  Dumateng Bpk Kyai/Ibu kyai ingkang tansah kawula tenggo-tenggo fatwah soho nasehatipun
v  Dumateng pengurus jamiyah tahlil ingkang kawula hormati ,soho dumateng rencang-rencang ingkang kawula tresnan
           
                  Monggo kito sareng-sareng muji syukur kehadirat ilahi robbi ingkang wonten ndalu puniko sampun paring rokhmat,taufik,hidayah soho inayahipun sehinggo kito sami saget angrawuhi rutinan pengaosan kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo .amien.
                  Ugi sholawat soho salam mugi-mugi tetep kaunjukaken wonten junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kito tengo-tenggo safa’atipun sangking dinten meniko ngantos mbenjang dinten yaumul akhir.
                  Ningali weldalipun sampun sak wetawis ndalu,pramilo kawula badhe maosaken pinten-pinten urutan acara ing ndalu meniko ;
1)        Pembukaan sarotul fatekhah
2)        Waosan tahlil lan yasin
3)        Waosan Maulud Nabi Muhammad SAW
4)        Do’a soho Penutup

1.      Kawula wangsuli saking acara ingkang sepindah inggih meniko pembikaan sarotul fatekhah,ingkang Barokahipun kawula suwunaken dumateng ,……..,wekdal kawula aturaken.
Matur nuwun sanget kanti waosan sarotul fatekhah kolo wau mugi-mugi ndadosaken lancaripun acara ing ndalu puniko.
2.      Dumigi acara ingkang kapeng kaleh inggih meniko waosan tahlil lan yasin ingkang badhe dipun pimpin dening,………. ,wekdal kawula aturaken.
Matur nuwun sanget mugi-mugi sangking waosan tahlil lan yasin kolo wau saged ndadosaken pepadange para arwah ingkang sumare wonten alam kubur ugi angsal magfiroh sangking Allah SWT, Amien,…
3.      Dumugi acara ingkang kaping tigo inggih meniko waosan Maulud Nabi Muhammad SAW ingkang badhe dipun pimpin dening,…….. wekdal kawula aturaken.
Alhamdulillahi robbil ‘alamin.Acara saking awal hinggo akhir sampun paripurno kanthi mboten alangan setunggal punopo-pnopo.
Ugi mboten supe kawula minongko dados pranoto acara mbok bilih wonten sedoyo kekirangan lan kekhilafan anggen kawula matur,pramilo kawula nyuwun agunge samudra panggarsami dumateng panjenengan sedoyo.

Akhirul kalam wallahul mafiq ila aqwa mitoriq.

Wassalamu’alaikum wr.wb



Tidak ada komentar:

Posting Komentar